Nalika
Dening:
Ahmad Solekhan
Saderma
Ya mung saderma
Praupanmu katon nyata ana ing netra
Padhang rasaning dunya
Anane mung tansah ngalembana
Ora nate gawe cubriya
Tan bisa gawe sangsara
Esemu ngalahke padhange Hyang Haruna
Nanging
kabeh wus sirna
Nalika
sliramu lunga
Bedha
krasa ana ing driya
Saben
dina tansah ngayawara
Nora
ana cahya ing dada
Uripku
tansah nestapa
Sira
lunga oncat dunya
Nanging kabeh wis dadi garising jawata
Ingsung rabisa ngupaya
Mung bisa dedonga
Muga sira mlebu suwarga
Lan bisa bagya mulya ing kana
Tidak ada komentar:
Posting Komentar