Kabeh Wus Ginaris
Wonten
ing satunggaling dina, ana bocah-bocah sing lagi padha sibuk marang dolanane. Bocah-
bocah wis lali karo tujuane asline yaiku sinau bareng. Mergane sesuk kui wis
mangsane UTS “Ulangan Tengah Semester”. Salah sijine Ardi, wis bocahe ora
pinter, ora gelem sinau, gaweane mung dolan. Saben dinane mung umbyang-umbyung ngalor ngidul
karo kanca-kancane.
ardi kuwi anak salah satunggale wong kang gadhah pangkat ing dusune. Ora kaget yen kabeh kebutuhane dicukupi wong tuwane. Ananging apa kang dikarepke bapake supaya Ardi dadi wong kang bener lan manut marang wong tuwane ora jumbuh karo apa kang wis dicepake kabeh kebutuhane Ardi.
Ardi ora beda adoh karo Rizal. Rizal sing ora tau mlebu sekolah, ananging pamite marang simboke mangkat sekolah, nalika wis tekan tengah dalan menyang sekolahe, saben dinane mung mampir nang warung, terus tuku udud.
ardi kuwi anak salah satunggale wong kang gadhah pangkat ing dusune. Ora kaget yen kabeh kebutuhane dicukupi wong tuwane. Ananging apa kang dikarepke bapake supaya Ardi dadi wong kang bener lan manut marang wong tuwane ora jumbuh karo apa kang wis dicepake kabeh kebutuhane Ardi.
Ardi ora beda adoh karo Rizal. Rizal sing ora tau mlebu sekolah, ananging pamite marang simboke mangkat sekolah, nalika wis tekan tengah dalan menyang sekolahe, saben dinane mung mampir nang warung, terus tuku udud.
Dina
kuwi Ardi karo Rizal arep bolos bareng, cah loro kui wis gawe rencana yen arep
dolan bareng. Cah loro kui ketemuaan nang warung sing biasane digawe
bocah-bocah nongkrong. ora let suwe, ana suwara motor lan mandek pas
nang ngarepe Ardi karo Rizal. “ngopo kok ora mlebu sekolah koe ki, saiki UTS
to?” takone bocah sing lagi teko kui. “ora dap, lha ngopo koe kok yo ora mlebu
sekolah” jawabe ardi marang Imam sing lagi teko kuwi. Imam banjur midun seko
motor lan ngrogoh tase njipuk udud karo koreke. “aku mau arep mlebu, nanging wis telat.
Gerbange wis tutup, lha aku balik maneh”. Wong telu kui udud nglempus karo
jagongan nang kursi sing ana nang sanding warung. Mbuh opo kang diceritaake cah
telu kui, ngasi lali yen Ardi karo Rizal mau wis nduwe rencana yen arep dolanan
PS. “Di, sido ora dolanan PS e” rizal takon karo njawil awake. “owalah iyo, aku
lali yen mau iki mbolos arep dolanan PS”. Cah loro kui siap-siap mangkat nang
rental PS, lan Imam kuwi yo melu menyang rental PS. kabeh ws nyiapke
kepinteran-kepinteran nalika dolanan PS.
motore digenjot langsung bablas.
Wis
tekan ngarep rental PS, Rizal ora langsung mlebu, ananging arep golek udud karo
ngombe sikek. “Dap koe arep nang warung to, aku nitip udud karo es
kopi irenge loro, ngko turahane gawe tuku panganan” Imam karo ngulungi duwit. Imam karo Ardi mlebu nang rentalan
PS, terus lingguh mantep nang ngarep TV, wong loro kui sibuk nggolek dolanan
sing apik. PES 2013 dadi pilihane. Wong loro dolanan babalan karo
bengak-bengok. Ora suwe le dolanan, Rizal teka nggawa udud karo kopi irenge. “wah
nek wong telu penake gawe liga wae, yen kabeh iso kebagian tur adil, aku tak
nggawa Real Madrid, merga ana Ronaldho karo Bale sing playune cepet” Ardi karo
nggoleki klub sing dipilih Rizal karo Imam. Rizal milih Mancester United sing
ana Ibrahim Movic lan Imam milih klub Barcelona, sing jarene klub Barcelona kui
ora bisa dikalahke.
Dolanan
sing kepisan yaiku Ardi karo Imam, pertandingan El-Clasico, antarane Real
Madrid vs Barcelona. Bengak-bengok suwara misuh-misuh metu seko lambene wong
loro kui. Nganti wong sing ana nang pinggire kebriben. Wektu wis meh entek, skor
tetep 0:0. Nang menit 88:00, Real Madrid sing dimainke Ardi ngegolake nang
gawang Barcelona. Suwara sempritan pratandha wis rampung, Imam diece-ece karo
Ardi, sing jarene strikere MSN ( Messi, Suarez, Neymar) klub sing jarene ora bisa dikalahke, akhir-akhire yo mung kalah. Wis ngerti yen Imam kalah, Rizal
langsung nantang Ardi ngajak dolanan bareng.
Ngasi
wis wayah sore cah telu kuwi tetep ora geser marang papan lungguhe. ‘telolet
telolet telolet’ suwara HP muni, Imam nggoleki sumber suwara Hp mau. “ Hp mu
kui lho, ket mau muni terus, tileki sikek, menawa ana telepon, ora mung
mentelengi TV terus”. Ardi banjur njipuk Hp ne lan ngangkat telepon seko
simboke. Ardi ditakoni simboke kon mulih, merga wayah wis surup. “Inggih mbok,
ngapunte sakmenika nembe wonten acara ting kampus, dadi mangkeh balike rodo wengi” jawabe Ardi marang simboke sing ngapusi, jarene ana acara nang sekolah,
nanging malah bolos sekolah karo kanca-kancane. Pamite wong tuwa arep mangkat sekolah, terus njaluk
sangu. Duwite mung gawe dolanan sing ora manfaat kanggo awake dewe. Suwara Adzan
Maghrib wis krungu, pratanda yen saiki wis wayahe cah telu kuwi mulih nang
ngomahe dewe-dewe. Kabeh padha ngetoke duwite kanggo mbayar rental PSe. “Yowis
yo dap, aku tak mulih sikek. Ngko selak digoleki simbok, sesuk yen koe arep
bolos maneh kabari aku wae, aku pokoe siap diajak bolos. Masalah sekolah kui
dipikir keri, sing penting saiki awakdewe iso seneng-seneng. Yowis aku tak
mulih sikek, ngko Rizal diterke nang ngomahe yo?” Ardi karo sibuk mindah motore
ana ing parkiran. “ siap bosku, masalah bolos aku yo siap selalu, ati-ati le
mulih, ojo ngebut-ngebut ngko malah ana apa-apa!”. Wong lara kuwi yo langsung
nyelah motor lan nyrantal balik nang ngomah.
Wis
tekan ngomah, Ardi langsung ngucap salam marang wong tuwane. Keluargane lagi
padha nyante nang ngarep TV. “seko ngendi le, yahmene kok lagi mulih, kana
ndang salin terus wisuh. Nek wis resik terus madang, sega karo lawuhe ana nang
meja cerak pawon” pithakonan bapake marang Ardi. “Inggih pak, nyuwun pangapunte,kala wau kula
wonten acara persiapan kangge lomba gerak jalan minggu ngajeng, lha menawi kula
wangsul riyen, mboten penak kalih kanca-kancane” wangsulane Ardi sing ngapusi
kui. “Tenan ora le, mau bapak ditakoni sekolah lewat telepon, nek kowe ki ora
mangkat, lha bapak arep njawab apa, koe pamite marang bapak karo simbok arep
budal sekolah” suwara bapak seru nyerak Ardi. Ardi tambah gemeteran yen dina
mau kui, aku bolos sekolah. “Kula wau niku….!!” Ardi jawab gemeteran lan
ndingkluke sirahe. “Bapak mau yo diomongi mas Budi yen ngerti kowe lagi karo
kanca-kancanmu bolos sekolah, terus mampir nang PSan to, bapak kui wis kerja
ngaya-ngaya le, mung gawe nyekolahke koe, men koe ki pinter, bekti marang wong
tuwa. Lha koe malah mblenjani janjimu mau isuk yen koe ki arep menyang sekolah,
apa merga sangune sing kurang, apa merga bapak sing ora ngerasi koe men koe
kimanut karo bapak karo simbok. Mesake simbokmu kui le? Nek koe ki pancen ora niat sekolah, ora usah
sekolah. Malah luwih penak to. Koe ki arep tak pondoke, men bisa ngerti rekasane urip”. Ardi
mung manthuk-manthuk karo mesam-mesem. “sesuk koe tak terke menyang pondoke koncomu
SD mbiyen".
Nalika arep mangkat anggone bapak ngeterke Ardi nang pondok, Ardi nangis merga arep ninggalke wong tuwa lan bakal ora ketemu karo kanca-kancane jaman sekolah. lan bakal ngrasake kahanan urip sing ora kepenak nang pondhok.
Nalika arep mangkat anggone bapak ngeterke Ardi nang pondok, Ardi nangis merga arep ninggalke wong tuwa lan bakal ora ketemu karo kanca-kancane jaman sekolah. lan bakal ngrasake kahanan urip sing ora kepenak nang pondhok.