Pituwase
wong seneng ngapusi
Marno mono
umure lagi ngancik pat belas taun, sekolahe isih ana klas siji SMP Negri ing
sakcedhake desane. Dheweke kuwi putrane Pak Dhukuh Paren ya Pak Saiman, priyayi
sing kondhang sugih, becik atine, lan pinter momong rakyat ing padhukuhane.
Eman, dene anake lanang sing mung semata wayang iku beda banget watake karo
wong tuwane. Dhasar anak lanang mung siji, mangka sugih mulane sapenjaluke
tansah keturutan. Yen Pak Saiman karo sing putri mono, ora seneng nguja bocah,
panyuwune putrane dituruti janji penting lan migunani tumrap sekolahe.
Sakjatine
Marno iku bocah sing pinter, ning emane kepinterane mau sok kanggo minteri, lan
ngapusi wong tuwane. Lan saking pintere anggone ngapusi nganti ora ngetarani,
lan wong tuwane ora krasa. Wusana Marno rumangsa lega, awit oleh-olehane
anggone ngapusi wong tuwane iku, bisa keturutan kabeh kasenengane.
Pinuju wayah
sore, Pak Dhukuh lenggahan ana ngarepan, pirsa putrane wis dandan mlithit kaya
pacakane cah sing wis dewasa nganggo kathok dawa. Mlebu metu kamare, karo
nyangklong tas isi buku. Ngerti bapakne lenggahan ijen ana ngarepan, Marno
banjur gage nyedhak karo alon matur :
“ Pak!,
Astreane kula bekta sekedhap nggih!”.
“ Arep
menyang ngendi ta Mar?”, pandangune bapakne karo nyawangi.
“Anu…..
ajeng belajar bersama teng Janturan nggene Bawa, Pak!. Pak Guru rak dhawuh ken
belajar per kelompok ngge ngadhepi ulangan Minggu ngajeng”.
“O……, ning
apa yah mene ya wis arep budhal?. Rak ya cedhak to nek mung neng Janturan wae,
apa mengko bar-bar surup rak ya bisa!”.
“Kalih ajeng
nyambut buku teng Mburikan nggene mbak Tri niku, Pak!, jeneh Bapak disuwuni
dhuwit ngge tumbas buku dereng sida-sida diparingi!”.
“ Pira ta
Mar regane buku kaya sing mbok karepake kuwi?”.
“ Ah mirah
kok Pak, namung sedasa ewu. Kantun kula lho Pak sing dereng gadhah!”.
“Wah semono
kathik kandhamu murah, apa dikira gampang pa golek dhuwit semono kuwi?. Ning ya
wis sesuk tukua ndak wenehi dhuwit, nek nyilih terus mundhak ngganggu
sinaumu!”.
“Artane sak
niki mawon Pak!, ngenjing Bapak mindhak kesupen malih!”.
“Ambumu Mar,
nek disaguhi ki mesthi njur nggujeg tanpa kena disemayani. Mbok nek dikongkon
nyambut gawe kae koyo ngono kuwi, gage dilakoni, dadi wong tuwa lega”. Bubar
kandha ngono, Pak Saiman banjur menyat mlebu kamar, baline metu wis nggawa
dhuwit puluhan ewon kaulungake marang Marno karo kandha:
“ Sing
ngati-ati lho Mar, balimu aja wengi-wengi!”. Sing diweling ora mangsuli.
Marno
saktemene ora lunga belajar kelompok, ning wiwit ngaso ana sekolahan mau wis
kansen karo Hardi yen arep nonton sorot. Hardi iku kanca rakete Marno, kang uga
anake wong sugih, ning merga kekerepen anggone mbolos, mula sekolahe dadi
bodho. Ya Hardi iki sing ajak-ajak Marno mbolos, dolan, jajan. Sore iku Hardi
wis siap neng ngarep omahe ngenteni Marno, dene bapak ibune lagi padha
nyumbang. Dadi, ngomah sepi. Ora suwe Marno katon teka ngampiri, sore iki sing
arep ditonton fileme wong diwasa tuju belas taun ke atas. Sakwise mateni mesin
motore, Marno sing lagi arep sepisan ji kuwi nonton banjur takon :
“ Piye Har
nek aku mengko ditolak ora entuk mlebu?”.
“ Ra mungkin
Mar angger penampilanmu sing bisa, digawe gayamu kaya cah gedhe. Jaketmu
benikna sing rapet, aja lali rokok disumet sanajan kowe durung doyan. Karo
maneh mlebune mbarengi yen wong pinuju suk-sukan kae dadi ora ketara!”.
“Ya wis
ayo!, wis setengah pitu je Har, mengko mundhak telat. Piye kowe wis pamit karo
bapak ibumu?”.
“ Cekake
beres Mar sing neng ngomah mung Yu Nem, Bapak karo ibu lagi njagong”. Bocah
loro banjur padha budhal boncengan. Kabeh rancangan saka ngomah dadi, sidane
Marno bisa kasil nonton merga saka teorine Hardi sing pranyata julig. Ora lali
mulihe mampir jajan sak katoge. Gandheng isih ana rasa wedi karo bapak ibune,
mula sak bubare ngeterake mulih Hardi, Marno terus mulih. Tekan ngomah wis
setengah sepuluh. Bapakne wis sare, ning ibune isih nunggu mulihe Marno karo
nonton TV. Krungu anake bali banjur gage mbukak lawang karo takon:
“ Kok nganti
yah mene ta Mar?, iki wis wengi lho?”.
“Ah ibu ki
kok aneh, nek belajar kelompok niku momong kanca Bu. Nek kancane dereng ngajak
leren rak nggih isin ta ajeng ndhisiki mulih!”.
“ Ibu kuwi
ming takon kok Le, karang ora ngerti. Wong Ibu kuwi biyen nek sinau ya mung
neng ngomah, ora ndadak nganggo kelompok- kelompokan barang kaya jaman saiki!”.
Yoh kana wis
ndang wijik njur mangan, mengko gek ndang ngaso mundhak sesuk kerinan. Kowe rak
ya sekolah kaya adate ta?”.
“Enggih!,
ning kula teng nggone kanca wau empun disuguh mangan kok Bu, ajeng tilem
mawon”.
“Ya wis
kana!, aku ya wis ngantuk je Mar, dhasar awan mau ya ora nglegeyeh”. Marno
banjur mlebu kamar mapan turu, semono uga ibune. Kahanan malih sepi. Sanajan
mripate direm-remake, ana ing kamar Marno tetep durung bisa turu. Adegan-adegan
panas sing kudune mung kanggo utawa ditonton wong diwasa, kuwawa mbebidhung
atine. Wis kesel anggone bola-bali miring ngiwa utawa nengen ning tetep angel
bisa turu. Sakjane atine kepengin nglalekake, ning gambar-gambar mau tansah
cumithak ing pengangen-angene, sing saya suwe marahi ana rasa sengsem.
Lagi bareng
jam tembok keprungu kumlonthang kaping pindho Marno lagi bisa mak les keturon.
Mbok Manawa wae turune nggawa impen endah, impene bocah sing digege mangsa,
sesawangan sing kudune durung mangsane disawang. Embuh kanthi cara kepiye
sidane Marno nganti bisa munggah klas telu. Senajan lagi umur nem belas tahun
nanging lagak lagune wis kaya wong diwasa. Apa maneh sing jeneng udut …..
ngrokok……, saiki Marno wis biasa. Ora wedi, lan ora jiguh pakewuh neng ngarepe
sapa wae, klebu bapakne. Biyen nalika konangan sing sepisanan dilokake malah
wangsulane :
“Dene Bapak
nggih udut!. Cah lanang niku nek mboten ngrokok dha diunekake banci je Pak, tur
nek sak niki niku empun umum. Sewu siji sing mboten ngrokok”. Bapakne
diwangsuli kaya ngono mau mung trima meneng, atine kelara-lara mula njur ming
trima lunga karo ngelus dhadha. Nek njaluk dhuwit sak deg sak nyet werna-werna
alasane. Endi sing nggo tuku buku, tarikan tuku alat-alat olah raga, mbayar
olehe melu latihan bela dhiri, pokok apa wae kena kanggo alasan. Dhasar bapakne
mono rak nyambi dagang hasil bumi gedhen-gedhenan, dadi bisa wae Marno kanthi
dalan nilapke wong tuwane nggogohi laci dhuwit sing tansah kebak iku kanthi ora
ketara.
Saiki
kancane ubyang-ubyung ora mung winates kanca sekolah, nanging wis amba tebane.
Akeh kanca raket saka liya desa, sing sakjatine ora babag umur-umurane. Ning
gandheng padha kesenengan lan pekaremane mula banjur dadi mitra raket.
Acarane
Marno ajeg luwih-luwih yen malem Minggu. Sore sakwise tutug anggone padha
nongkrong obrol-obrolan neng pinggir dalan karo nggodha yen ana bocah wadon
liwat, diterusake gitar-gitaran, rokokan malah saiki wis nganggo ngombe barang
kepara mabuk-mabukan. Yen pamite saka ngomah mono genah, arep tandhingan voli
karo kanca-kancane neng njaban kutha.
Bapakne mung
tansah percaya, merga sibuk karo dagangane, lan nggawe lapuran-lapuran kanggo
Kepala Desa ngenani Dusun sing dadi tanggung jawabe. Ibune ora tau kemingkang
saka pawon karo rewange, merga ngurusi mangane kuli-kuline sing akeh.
Kabeh-kabeh
sibuk, lan Marno dhewe uga sibuk karo acara-acarane sing tansah nyenengake ati
lan nguja kemareman. Saiki srawunge wis ora pili-pilih lan saya ora nggenah,
sapa wae sing gelem diajak ubyang-ubyung mesthi dadi kancane. Malah kerep wae
Marno melu uyak-uyuk karo cah-cah sing dha seneng kerengan kebut-kebutan, sing
tundhone mung marahi sugih mungsuh. Sapa sing menangan lan kendel dienggo umpan
dianggep jagoan.
Marno saiki
ora mung seneng ngebut nganggo kendharaan rodha loro, ning rodha papat uga wis
trampil lan baut. Yen pinuju numpak kendharaan, isin yen nganti dilancangi
utawa disalip, malah sasat angger sopir wis padha ngerti lan apal karo watake
Marno. Kadhang yen wektu wis lingsir wengi, dheweke karo kancane balapan motor
neng ndalan gedhe. Njur kaya ngapa rasane wong sing padha weruh lan ngepasi
liwat?. Kejaba wedi sing mbangeti, mesthi uga bakal ketrucut pamujine sing ala.
E muga-muga cah kaya ngono kuwi nabraka cagak tilpun apa njungkela neng kreteg,
mesthi ngono.
Ya kaya
ngono iku pegaweane Marno sak kancane. Bali sekolah yen ana ngomah dina-dina
mung turu.
Malem Minggu
ing wayah sore nalikane lagi padha nongkrong ing pinggir dalan, Triman sopire
Bah Jin kandha ngene :
“Kaya
montore bapakmu kae anyar ya Mar?, kae lho sing saiki dicekel Gombloh?”.
“Iya!, kae
mung jaga kanggo ngangkut gabah, dudu montor apik ora kena kanggo mbajul!. Ana
apa ta Man?”.
“Ya ora
apa-apa mung takon. Mestine rak isih thokcer ta?”.
“Ya terang
ta Man, genah lagi telung sasi ngono kok”.
“Wah mbok
jajal Mar sekali-sekali dienggo ngompreng, mengko aku sing nyopiri”.
“Wegah ah!,
ngompreng mono rak ngopeni dhit ora mingsra, ora sumbut nek ditandhing karo
kesele awak”.
Marjo kenek
sing wiwit mau mung meneng wae nyambungi ngglayem :
“O………, kok
ngompreng ngono!. Rakya ngompreng sing sekali tarik kira-kira kena kanggo
seneng seminggu. Golek penumpang sing empuk ning tanja. Kaya dhek emben kae ya
Man?, jan seeeeeedhaaaaap!”. Kandha ngono mau karo ngacungake jempole.
Triman gage
nyaut kandhane Marjo semu ngombyongi :
”Iya lho Mar, nek entuk-entukan lumayan. Ora pijer mung njaluk wong tuwa wae
kaya kowe kuwi. Apa maneh nek olehe ngenehi karo ndadak penuh selidhik kaya
bocah cilik, wah neng ati rak mung marahi mangkel. Seje karo nek awake dhewe
bisa golek dhewe, sekali-sekali rakya ora apa-apa!”.
“Edan!,
jawane kowe-kowe kuwi ngajak aku nodhong ngono pa?”.
“Ora kok
nodhong Mar. Nek jeneng nodhong kuwi sak ora-orane rak kudu duwe kekuwatan tur
gedhen-gedhenan”. Triman nyoba nerangke.
Marjo
mbumboni guneme Triman sing semu nganggep sepele apa sing arep ditindaki.
“Nek awake
dhewe kuwi kaya dene mung memet Mar, trima cilik-cilikan tur sing ora gedhe
resikone. Pokoke pawitane mung pinter omong lan ati sing tatag”.Marno isih tetep
thingak-thinguk dhasar ya pancen durung tau nglakoni. Kenakalane mung mligi
golek seneng sing tanpa pamrih darbeking liyan. Weruh patrape Marno mau, Triman
saya nggrengseng lan tlaten anggone ngandhan-ngandhani mulut lan mepengin
tembunge kebak ing pengajak :
“Wis ta Mar,
yen kowe durung mudheng kapan-kapan melua aku, ning aku silihana montor. Kae
lho Colt sing sok dianggo ngurus dagangane bapakmu!, mengko kowe rak ngerti
piye carane golek dhuwit”.
Sanajan
atine isih monga-mangu lan gojag-gajeg, ning batine ora mentala arep nulak
pangajake kanca, wusana ketrucut tembunge :
“Ya ta, ning
aku mung melu lho ora nindakake. Dene yen ming bab montor we gampang mengko tak
silihi”.
Dinane
Sabtu, Marno bali saka sekolah isih esuk, ditakoni ibune jare gurune rapat. Karo
mlebu metu pawon nyauti panganan Marno nyekeli majalah “Pemuda” kang banjur
diwaca ana ngarepan. Bapakne ya Pak Sadiman uga ngisis lungguh kursi ing
sandhinge. Sakwetara Marno anggone ngolak-alik majalah, katon yen atine ora
jenjem. Ora suwe kawetu tembunge lirih karo nyawang bapakne :
“Bapak sak
niki ajeng tindakan mboten Pak?”.
“Ora!, ana
apa ta Mar?”.
“Nek mboten
tindak colte ajeng kula bekta medal sekedhap pados diktat”.
“Motormu ya
gene kok seneng men ngrusuhi?”.
“Rewel niku
Pak, ngenjing saweg ajeng kula serviske”.
“Karepmu
kana, anggere sing ngati-ati!”.
Entuk
palilahe bapakne, Marno banjur menyat saka lungguhe mlebu kamar. Metu wis ganti
kathok Levis ndhuwurane kaos ireng lengen dawa, sing ing dhadhane ana gambare
endhas buta. Dhasar colt isih neng latar, mula banjur wae munggah. Sakwise
mesin diuripake let sedhela banjur bablas. Sing dituju omahe Triman. Tekan
omahe Triman kepara mruput merga kangsene jam telu kathik jam rolas Marno wis
teka.
Mula bareng
lagi wae teka wis diswarani karo Triman tembunge :
“Kok mruput
Mar, kancane nek yah mene rakya durung genep!”.
“Kanca sapa
maneh?, lha kuwi Marjo wis teka, njur isih kudu nunggu sapa?”.
“Pancen
sakjane wong telu wis cukup, ning kowe rak durung biasa nyambut gawe, mula kene
dienteni, idhep-idhep karo ngasokake awak!”. Marno anane mung manut.
Kira-kira
jam loro, Dikun kancane Triman teka. Dikun iku uga sopir ning mung pocokan.
Tekane Dikun nggawa koper gedhe lawas sing njerone wis ora kalap. Sakwise
ditepangake Marno, Dikun banjur bikut dhewe. Nggoleki barang bekas, ana kaleng
kosong, kertas lungset kalebokake neng njeron koper. Bareng wis kebak banjur
ditutup rapat. Marno gumun banget nyawang iku kabeh, ning arep takon sungkan.
Jam setengah
telu Triman ngajak budhal sing dituju Terminal. Saka ngomah isine colt wong
papat. Triman kang minangka sopir, Marjo kernet, Marno lan Dikun. Sak durunge
teken Terminal Dikun sak kopere diudhunake, Colt bablas mlebu. Banjur milih
papan sing sekira mapan kanggo pasang jaring, colt tumuli diparkir.
Marjo
mudhun, banjur golek penumpang kaya kernet-kernet liyane. Mrana-mrene
bengak-bengok karo pethitha-pethithi ditutake Marno.
“Yogya
Magelang, Yogya Magelang sudah mau berangkat!. Mari pak, bu Yogya Magelang!”.
Ngono bola-bali pambengoke. Triman ngadeg ana sandhing colt udut nglecis
ngumbar mripat golek mangsan. Ning mbok menawa pancen lagi apes kanggone
bocah-bocah mau, denea ing atase wiwit jam telu nganti meh jam setengah enem
kok tanpa oleh penumpang. Pengarep-arepe wis tipis, pijer-pijer Marno wis kudu
ngejak mulih wae, sing marakake atine Triman dadi risi. Lagi wae ana karep arep
bali, ndadak saka kadohan Triman weruh wong wadon tuwa nggawa koper sajak
kabotan. Triman gage mlayu nyedhaki karo takon :
“Ajeng
tindak pundi Bu?”.
“Ajeng
mantuk teng Kronggahan, saking mendhet mori teng nggene adhi kula!”, wangsulane
wong wadon tuwa mau.
“Keleresan
colt kula ajeng teng jurusan Magelang, mangkeh kula ampirke ngilen sekedhap.
Kula mesakke njenengan empun sepuh, mangka niki empun meh surup”. Wong tuwa
kuwi mikir-mikir sedhela wusanane njur manut kandhane :
“Nggih kula
manut, ning tulung nggih Nak, kula mangkeh dingilenake sekedhap!”. Wong wadon
tuwa mau banjur ngetut lakune Triman, bareng arep munggah colt Triman Kandha :
“Bu, kopere sukakke ngajeng mawon mangkeh nek mandhap kula tulungi!”. Karo
kandha mau koper wis terus digawa neng sopiran. Ora wuwe Dikun njedhul uga
banjur munggah Colt. Ning lagi wae lungguh Marjo cluluk :
“E mas …,
niku kopere sukakke ngajeng mawon!”. Dikun uga banjur ngulungake koper marang
Marjo gayane kaya wong durung kenal kae. Bubar iku banjur mak byuk ana yen mung
cah sepuluh wae nenganggo seragam SMA, jare mentas padha tandhingan voli.
Ngerti colt jurusan Magelang banjur padha nunut ning mung tekan Pingit neng
kana wis ana pethukan. Kabeh wis munggah, mesin wis diuripake. Ndilalah Marjo
weruh gadhis mlaku sajak ana sing digoleki. Gawane tas ngrengkek dicangklong
neng pundhake. Weruh iku Marjo aweh sasmita marang Triman, sing dikode tanggap.
Mesin bali dipateni, Marjo marani dununge Kenya karo takon :
“Teng pundi
Mbak?”.
“Teng
Cebongan!”.
“Ngga sareng
colt kula niki mawon!”.
“Lho niki
teng jurusan pundi?”. Pitakone si kenya nlesih.
“Ajeng
wangsul teng Magelang, ning saged kok mbak kula medal Cebongan. Niki ibu niki
daleme nggih Kronggahan. Pun ngga mbake sareng mawon!”. Kenya mau uga banjur
ngetut buri Marjo.
Pancen nyata
njero wis kebak penumpang, mula Kenya mau uga banjur arep munggah. Ning lagi
wae manyuk, Marjo gage aba karo nyandhak tase kenya mau :
“Mbak tase
sukakke ngajeng mawon mundhak ngebak-baki!”.
“Mboten
sah!”, kula saged mangku tur tas kula rak mboten rowa!”. Kandha ngono karo
tetep nyekethem tase.
“Ah mbake
iki kok wangkal, pundi mengko kancane ndhak dha meri!”. Tanpa ngenteni
wangsulan, Marjo wis bisa ngrebut tase kenya mau saka tangane terus diuncalake
ing sopiran.
“Koper kula
nggih disukakake ngajeng kok Nak!”, mengkono kandhane wadon tuwa ing sandhinge.
Kenya mau mung manthuk tanpa mangsuli. Ora suwe colt mangkat. Ing njaba lampu
listrik ing sak uruting dalan wis padha urip. Lakune colt mamprung banter
tansah nglancangi kendharaan sing ana ing ngarepe. Tekan lor prapatan Pingit
colt mandheg, ngudhunake bocah-bocah sing mentas padha tandhingan. Colt bali
mamprung, Kricak wis kliwatan. Bareng tekan protelon Jombor colt meinggok ngiwa
Mraen terus Nganti. Saka kene bulake rada amba, biyen kerep ana wong dibegal
ing tengah bulak iku. Tekan wetan ngebuk desa Kronggahan wis peteng, neng kono
colt mandheg lan sopir Triman mbengok :
“Bu!, niki
pun dugi Kronggahan gek ndang medhun!”. Krungu dielingake, wong wadon tuwa mau
semu gugup banjur mudhun. Bareng tekan ngisor lagi nglegewa, yen olehe
ngudhunake isih rada adoh karo desa. Mula guneme :
“Olehe
ngudhunake kok teng ngriki Nak?”, ning nggih pun mboten dadi napa. Pundi gawan
kula?”. Triman nglirik Marjo, sing dilirik tanggap. Mula kandthi cepet marjo
ngulungake koper semu diuncalke. Ngerti dudu kopere, wong wadon mau setengah
mbengok kandha :
“Niki dede
koper kula Nak!”.
“Ontene mung
niku Bu!”. Karo mangsuli mau, sopir Triman wis karo mbandhangake colte. “Saka
kadohan si kenya mau isih weruh ibu tuwa iku gulung koming karo ngawe-awe akon
mandheg, nanging ora digubris colt terus mbandhang. Kenya mau ketara yen unjal
ambegan karo mbenakake jakete. Marno sing lungguh anteng ing ngarepe kenya mau
mung nyawang wae sing ditindkakake kanca-kancane. Tekan wetan desa Getas, wong
lanang sing lungguh ing sisihe aba mandheg. Colt uga banjur mandheg. Wong mau
uga banjur nyedhak ing sopiran sengadi njupuk barange. Ora koyoa kagete si
kenya bareng ngerti yen sing diulungake iku tas duweke.
Kanthi
nglirik ning ora ngetarani, kenya ngerti yen sing diulungi tas iku mesthi wis
ana sambung rapete karo sopir.
Nanging
kenya mau tetep anteng, malah ethok-ethok ora ngerti. Saiki Marno lagi dhong
tenan mungguh kepriye carane kancane mau anggone golek dhuwit, O………jebul ngono
ta carane, ngono batine. Tekan lor Klurahan Tlagahadi Marjo takon :
“Mandhap
pundi mbak?”.
“Pratelon w
etan Kecamatan”.
“Wah kok
ndadak ngidul mbak?”.
“Ning
sampeyan wau pun janji saguh, ngerti kula, pokok medhun wetan kecamatan.”
Kandhane kenya mau kalem, lungguhe ora mobah ora mosik sing njalari Triman lan
Tarjo ana rasa sungkan. Tekan prapatan Cebongan colt menggok ngidul, wusana
tekan protelon Kecamatan colt mandheg, Marjo kandha “Ngriki napa mbak?”.
“Kidul kuwi
sithik!”. Wangsulane kenya kalem. Marjo nglirik sopir, wusana sopir kandha :
“Empun mbak
ngriki mawon, kula baline ngalor mundhak kadohan!”.
“Iya becik,
ning endi tasku?”. Swarane kenya lantang lan mantep sarta ora mingset saka
lungguhe. Karo ethok-ethok ribut nggoleki kiwa tengen sopiran, Marjo takon :
“Apa mau mbake kuwi nggawa tas ta Mar?”.
“Kaya ora ki
Man!, nyatane kono ora ana tas ngono kok!”, wangsulane Marjo grogi.
“Pokoke aku
emoh mudhun, yen tasku ora mbok balekke!, lan kowe kabeh mengko bakal ngerti
akibate”. Ngono pangancame kenya mau tandhes. Ngerti kancane diancam penumpang
mau, atine Marno wiwit ketir-ketir, ya sanajan wong wadon ning nyatane bener,
lan Marno dhewe ya nyipati nalikane tase kenya iku diulungake Dikun sing nembe
wae mudhun. Sarehna kancane mung dha meneng wae, Triman nekat. Gas digedheni
rekane colt arep dibandhangake ngulon dalan jurusan Kebonagung. Bab
udreg-udregan karo penumpang beres, janji wae ora ana ing papan kono. Angkatan
colt nyendhal merga digas ngeget,ning bareng karo iku keprugu swara thor……..
thor ……….thor, lan kaca ngarep sopiran kumrompyang pecah. Saka mburi keprungu
swarane si kenya prentah :
“Yen ora
kepingin pistul iki nyasar ing sirah-sirahmu kabeh, ayo bali lan mandheg ing
sisih kidul sak ngareping kantor Polisi kuwi!”. Triman nyawang ing kaca spion,
katon si kenya wis mepet mburi lungguhe karo siap pistul ing tangane
diathungake mengarep tumuju dheweke lan Marjo. Karo ndredheg keweden, gelem ora
gelem Triman ngenggokake Colte tumuju ing kantor Polisi. Marjo mung ngoplok
lungguh anteng ing sisihe Triman ora wani obah, dene Marno wel-welan saking
wedine.
Raine Marno
malih pucet kaya mayit, lungguhe sedhoprok ing jrambahe colt, kringet adhem
metu byuk-byukan ambegane krasa seseg. Marno ora ngira babar pisan yen bakal
kaya ngono keadeyane. Tekan ngarep kantor Polisi, sing jaga gage mlayoni,
semono uga sing ana ing njero pating jredhul metu merga mentas wae krungu
tembakan. Bareng colt wis dikepung Polisi, si kenya mudhun terus diserbu
pitakonan kanca-kancane. Pak Dansek semono uga metu. Sakwise si kenya aweh
kurmat, Pak Dansek ndangu :
“Serda
Sita!, bagaimana tugasmu mencari jejak perampokan itu?”.
“Berhasil
Pak, dan waktu saya mau pulang, diajak main-main sama pemuda-pemuda ini. Tas
saya diturunkan di sebelah timur desa Getas, dan koper di dalam itu milik
seorang ibu tua dari desa Kronggahan”.
“Baik!,
trima kasih Serda, sekarang tugasmu sudah selesai”. Bubar ngendika mengono iku
Pak Dansek dhawuh karo Polisi sing padha kupeng tembunge :
“Yang dua
itu masukkan ke dalam sel, dan temani sopir itu dua orang untuk mengambil tas
Serda Sita”. Marjo lan Marno diseret saka colt arep kalebokake ing sel.
Kanthi
diapit ing Polisi loro kiwa tengen, Triman dipeksa nglakokake colte methuk
Dikun sing nggawa tase Sita. Ana sel, Marno gulung koming karo nangis
sesenggrukan, sing diucapake mung tansah njaluk ngapura bapak ibune. Atine
rumangsa getun. Getun anggone tansah ngapusi wong sing nresnani kanthi tulus
marang awake. Saiki Marno lagi krasa bareng wis ngundhuh pituwase. Anggone
seneng ngapusi.