Rabu, 26 Oktober 2016

Tugas Cerita Cekak

Kabeh Wus Ginaris
        Wonten ing satunggaling dina, ana bocah-bocah sing lagi padha sibuk marang dolanane. Bocah- bocah wis lali karo tujuane asline yaiku sinau bareng. Mergane sesuk kui wis mangsane UTS “Ulangan Tengah Semester”. Salah sijine Ardi, wis bocahe ora pinter, ora gelem sinau, gaweane mung dolan. Saben dinane mung umbyang-umbyung ngalor ngidul karo kanca-kancane. 
ardi kuwi anak salah satunggale wong kang gadhah pangkat ing dusune. Ora kaget yen kabeh kebutuhane dicukupi wong tuwane. Ananging apa kang dikarepke bapake supaya Ardi dadi wong kang bener lan manut marang wong tuwane ora jumbuh karo apa kang wis dicepake kabeh kebutuhane Ardi.
Ardi ora beda adoh karo Rizal. Rizal sing ora tau mlebu sekolah, ananging pamite marang simboke mangkat sekolah, nalika wis tekan tengah dalan menyang sekolahe, saben dinane mung mampir nang warung, terus tuku udud.

        Dina kuwi Ardi karo Rizal arep bolos bareng, cah loro kui wis gawe rencana yen arep dolan bareng. Cah loro kui ketemuaan nang warung sing biasane digawe bocah-bocah nongkrong. ora let suwe, ana suwara motor lan mandek pas nang ngarepe Ardi karo Rizal. “ngopo kok ora mlebu sekolah koe ki, saiki UTS to?” takone bocah sing lagi teko kui. “ora dap, lha ngopo koe kok yo ora mlebu sekolah” jawabe ardi marang Imam sing lagi teko kuwi. Imam banjur midun seko motor lan ngrogoh tase njipuk udud karo koreke. “aku mau arep mlebu, nanging wis telat. Gerbange wis tutup, lha aku balik maneh”. Wong telu kui udud nglempus karo jagongan nang kursi sing ana nang sanding warung. Mbuh opo kang diceritaake cah telu kui, ngasi lali yen Ardi karo Rizal mau wis nduwe rencana yen arep dolanan PS. “Di, sido ora dolanan PS e” rizal takon karo njawil awake. “owalah iyo, aku lali yen mau iki mbolos arep dolanan PS”. Cah loro kui siap-siap mangkat nang rental PS, lan Imam kuwi yo melu menyang rental PS. kabeh ws nyiapke kepinteran-kepinteran nalika dolanan PS.  motore digenjot langsung bablas.

        Wis tekan ngarep rental PS, Rizal ora langsung mlebu, ananging arep golek udud karo ngombe sikek. “Dap koe arep nang warung to, aku nitip udud karo es kopi irenge loro, ngko turahane gawe tuku panganan” Imam karo ngulungi duwit. Imam karo Ardi mlebu nang rentalan PS, terus lingguh mantep nang ngarep TV, wong loro kui sibuk nggolek dolanan sing apik. PES 2013 dadi pilihane. Wong loro dolanan babalan karo bengak-bengok. Ora suwe le dolanan, Rizal teka nggawa udud karo kopi irenge. “wah nek wong telu penake gawe liga wae, yen kabeh iso kebagian tur adil, aku tak nggawa Real Madrid, merga ana Ronaldho karo Bale sing playune cepet” Ardi karo nggoleki klub sing dipilih Rizal karo Imam. Rizal milih Mancester United sing ana Ibrahim Movic lan Imam milih klub Barcelona, sing jarene klub Barcelona kui ora bisa dikalahke.

        Dolanan sing kepisan yaiku Ardi karo Imam, pertandingan El-Clasico, antarane Real Madrid vs Barcelona. Bengak-bengok suwara misuh-misuh metu seko lambene wong loro kui. Nganti wong sing ana nang pinggire kebriben. Wektu wis meh entek, skor tetep 0:0. Nang menit 88:00, Real Madrid sing dimainke Ardi ngegolake nang gawang Barcelona. Suwara sempritan pratandha wis rampung, Imam diece-ece karo Ardi, sing jarene strikere MSN ( Messi, Suarez, Neymar) klub sing jarene ora bisa dikalahke, akhir-akhire yo mung kalah. Wis ngerti yen Imam kalah, Rizal langsung nantang Ardi ngajak dolanan bareng.
        Ngasi wis wayah sore cah telu kuwi tetep ora geser marang papan lungguhe. ‘telolet telolet telolet’ suwara HP muni, Imam nggoleki sumber suwara Hp mau. “ Hp mu kui lho, ket mau muni terus, tileki sikek, menawa ana telepon, ora mung mentelengi TV terus”. Ardi banjur njipuk Hp ne lan ngangkat telepon seko simboke. Ardi ditakoni simboke kon mulih, merga wayah wis surup. “Inggih mbok, ngapunte sakmenika nembe wonten acara ting kampus, dadi mangkeh balike rodo wengi” jawabe Ardi marang simboke sing ngapusi, jarene ana acara nang sekolah, nanging malah bolos sekolah karo kanca-kancane. Pamite wong tuwa arep mangkat sekolah, terus njaluk sangu. Duwite mung gawe dolanan sing ora manfaat kanggo awake dewe. Suwara Adzan Maghrib wis krungu, pratanda yen saiki wis wayahe cah telu kuwi mulih nang ngomahe dewe-dewe. Kabeh padha ngetoke duwite kanggo mbayar rental PSe. “Yowis yo dap, aku tak mulih sikek. Ngko selak digoleki simbok, sesuk yen koe arep bolos maneh kabari aku wae, aku pokoe siap diajak bolos. Masalah sekolah kui dipikir keri, sing penting saiki awakdewe iso seneng-seneng. Yowis aku tak mulih sikek, ngko Rizal diterke nang ngomahe yo?” Ardi karo sibuk mindah motore ana ing parkiran. “ siap bosku, masalah bolos aku yo siap selalu, ati-ati le mulih, ojo ngebut-ngebut ngko malah ana apa-apa!”. Wong lara kuwi yo langsung nyelah motor lan nyrantal balik nang ngomah.
        Wis tekan ngomah, Ardi langsung ngucap salam marang wong tuwane. Keluargane lagi padha nyante nang ngarep TV. “seko ngendi le, yahmene kok lagi mulih, kana ndang salin terus wisuh. Nek wis resik terus madang, sega karo lawuhe ana nang meja cerak pawon” pithakonan bapake marang Ardi. “Inggih pak, nyuwun pangapunte,kala wau kula wonten acara persiapan kangge lomba gerak jalan minggu ngajeng, lha menawi kula wangsul riyen, mboten penak kalih kanca-kancane” wangsulane Ardi sing ngapusi kui. “Tenan ora le, mau bapak ditakoni sekolah lewat telepon, nek kowe ki ora mangkat, lha bapak arep njawab apa, koe pamite marang bapak karo simbok arep budal sekolah” suwara bapak seru nyerak Ardi. Ardi tambah gemeteran yen dina mau kui, aku bolos sekolah. “Kula wau niku….!!” Ardi jawab gemeteran lan ndingkluke sirahe. “Bapak mau yo diomongi mas Budi yen ngerti kowe lagi karo kanca-kancanmu bolos sekolah, terus mampir nang PSan to, bapak kui wis kerja ngaya-ngaya le, mung gawe nyekolahke koe, men koe ki pinter, bekti marang wong tuwa. Lha koe malah mblenjani janjimu mau isuk yen koe ki arep menyang sekolah, apa merga sangune sing kurang, apa merga bapak sing ora ngerasi koe men koe kimanut karo bapak karo simbok. Mesake simbokmu kui le? Nek koe ki pancen ora niat sekolah, ora usah sekolah. Malah luwih penak to. Koe ki arep tak pondoke, men bisa ngerti rekasane urip”. Ardi mung manthuk-manthuk karo mesam-mesem. “sesuk koe tak terke menyang pondoke koncomu SD mbiyen". 
 Nalika arep mangkat anggone bapak ngeterke Ardi nang pondok, Ardi nangis merga arep ninggalke wong tuwa lan bakal ora ketemu karo kanca-kancane jaman sekolah. lan bakal ngrasake kahanan urip sing ora kepenak nang pondhok.

       





















Tidak ada komentar:

Posting Komentar