ASAL USUL DUSUN SEMBUNG
Mangsa
rendeng ingkang dangu, anggawe resahe ati para warga ing dusun menika. Kathah
tanduran ingkang mboten saged dipanen amargi sakderengipun dipanen sampun
kebanjiran rumiyen. Wonten ing wulan punika ugi katah para warga ingkang pikanthuk
cobaan saking gusti allah. Para warga kathah katularan penyakit ingkang
obatipun dereng katemoaken. Joko borok ingkang wekdal punika kadapuk dados
sesepuh saha tiyang ingkang dipun percaya kalian sedaya warga wonten ing dusun
punika ugi dereng saged madosi obat ingkang saged ngobati penyakit ingkang para
warga rasaaken. Kahanan punika anggawe warga bingung amargi penyakitipun saged
nular sahingga kathah warga ingkang katularan. Joko borok ora bisa tentrem atine
menawi mirsani kahanan kaya ngene.
Joko
borok ngutus suroto yaiku salah sijine murid kang nyinau agama marang joko
borok, supados nggolek satunggaling
tabib ingkang wonten ing desa pinggire. Anangin wonten ing dalan, suroto
dicegat kaliyan pemuda ingkang dereng dipun mangertosi. Suroto ditodong nganggo
arit lan pemuda puniko ngrampas sedaya bekal ingkang sampun dipun paringaken
joko borok marang santri ingkang sampun diutus supados nggolek tabib. Suroto
tansah kebingungan, amargi menawi nglajengaken mlakune sedaya pesangon sampun
mboten woten, lan menawi balik malih wonten ing dusun, suroto dereng dumugi
padepokan, ingkang dipun utus joko borok anggenipun ngundang tabib.
Kahanan
wonten ing dinten puniko panas mekakat, suroto tansah kepanasan. Wonten ing sak
tengen dalan ana gubuk kang ora ono sing manggoni. Suroto nyante wonten ing
gubuk sinambi ngeyub. Hawa ingkang sumilir anggawe suroto iso kebablasen turu
menawi mboten langsung nerusake mlakune bali menyang dusun.
Kanthi
kebingungan suroto bali menyang dusun. Para warga kanthi ati kecewa angggenipun
nunggu suroto bali ing dusun. Suroto nyariosaken sedoyo kedadean ingkang dipun
alami minangka wonten ing perjalanan. Amargi penyakit ingkang ganas, kathah
warga ingkang sampun mboten kiat, lan
kathah warga ingkang pindah saking dusun
puniko amargi kathah para warga kang
andhuweni pamikiran menawi desa puniko
mboten aman kaliyan mboten saged dadosake ati ingkang ayem lan tentrem. kahananan
puniko anggawe joko borok mboten kepenak marang wargane.
Kanthi
rasa ati ingkang semangat joko borok kaliyan santri-santrinipun nggawe
sayembara. Kang isine sayembara kui yaiku “ Sopo wong kang iso ngobati wargaku
bakal oleh hadiah ingkang kathah”. Para sanntri dipun utus kaliyan joko borok
supados nyebaraken pengumuman punika. Lan wonten ing dinten punika dipun kawonteni
adicara gede, supados kathah tabib ingkang tindak wonten ing dusun lan ngobati
penyakit
Adicara
wayangan dadi pambuka wonten ing dusun punika. Lan wonten ig sak sisih panggung
kathah para tabib ingkang sampun siap anggenipun ngobati penyakit, salah
satunggaling tabib ingkang sampun terkenal wonten ing masyarakat inggih puniko
ki partorejo. Tabib puniko anggenipun ngobati migunaaken obat-obat tradisional
ingkang sampun diracik piyambak. Kathah para warga ingkang ngantri. Anangin
obat tradisional puniko ugi dereng saged ngobati penyakit punika. Kedadean koyo
ngene anggawe bingung para warga lan joko borok. Wonten santri ingkang
penyakitipun malah tambah kathah. Lan mboten wonten salah satunggaling tabib
ingkang saged ngobati.
Wonten
ing dinten ketelu wonten pamuda kang anduweni jeneng joko sembung tindak wonten
ing dusun punika. Anangin tujuan pamuda punika mboten badhe ngobati, ancasipun
joko sembung tindak menyang dusun badhe sowan marang joko borok badhe nyantri. Joko
borok ngijinke pamuda puniko anggenipun nyantri marang padhepokane. Anangin
wonten syarat ingkang kedhah dilakoni sak derengipun nyantri yaiku poso ngrowot
40 dinten. Joko sembung kanthi manah ingkang kuat, siap nglampahi persyaratan
punika. Wonten ing dinten-dinten puniko joko sembung dahar telo.
Nalika
persyaratane joko sembung lampahi sampun badhe pungkasan, joko sembung
diimpeni ditemoni kaliyan simbah-simbah ono ing sak nduwure gunung ing sakkiwo
ne dusun. Simbah punika paring pangandikan menawi anggenipun ngobati para warga
ing dusun puniko, joko sembung kedhah mendet banyu ono ing sak pucuke gunung.
Joko
sembung pamit lan nyuwun dedonga marang sedaya warga mugi saged pikanthuk obat
ingkang saged nambani para warga ing dusun punika. lampahing dumugi ing
sakpinggire desa, joko sembung dipun arak kaliyan joko borok lan para warga. Joko
sembung nglajengaken langkahipun dumugi gunung punika. wonten ing werdhi joko
sembung kathah anggadahi rerintangan, koyoto dipun cegat kaliyan siluman macan
kang para warga ing dusun punika nyebat macan siluman. macan punika sampun dangu urip
wonten gunung sembung. Ananging kanthi manah ingkang resik lan kekuatan ingkang
kuat, joko sembung saged mungkasi rerintangan puniko. lan joko sembung dumugi
pucuk gunung lan madahi banyu nganggo wadah ingkang sakderengipun sampun
disametaaken.
Sakwise
opo kang dikarepake uwis kalampahan, joko sembung nglajengaken mlampah lan
wangsul dumugi dusun. Dinten punika hawanipun panas, ananging joko sembung
tetep ngraosake seger amargi sampun ngunjuk banyu punika. Wonten ing dusun,
para warga sampun nenggo tekone joko sembung. Joko sembung dipethuk para warga
ana ing pojok dusun. Kanthi ati seneng joko sembung diarak rame-rame dumugi
griyanipun joko borok. Lan wonten ing latar griya joko borok sampun kawontenan
daharan saha unjukan gawe joko sembung. lan wonten wekdhal puniko sedaya warga
lan joko sembung ngawontenaken syukuran. Sakwise syukuran joko sembung terus
ngobati sedaya warga ingkang keno penyakit. Para warga ngantri kanthi tertib. Kanthi
ngucap ‘bismillahirrahmanirrohim’ joko sembung miwiti anggenipun ngobati.
Sedaya
warga sampun dipun obati sedanten, lan joko sembung banjur mlebet wonten griya
joko borok. mboten dangu penyakit para warga dipun paringi kecocokan lan
penyakit warga mari total. Para warga seneng amargi sedaya warga sampun mari.
Joko
borok lan para warga musyawarah ing griyane joko borok kanggo ngawontenaken
adiicara syukuran. Para warga ngawonteni syukuran kanthi mriyah lan wonten ing
dinten puniko dipun wonteni wayangan ugi genduren damel sedaya warga. Joko
sembung ugi melu adicara genduren punika. Joko borok nyuwun supados joko
sembung ngisi pengaosan ing papan punika. Sedaya warga mirengaken pangandikan
saking joko borok kanthi sae. Lan sakwise gendhuren, pagelaran wayang diwiwiti.
Pagelaran wayang kalampahan kanthi mriyah.Pagelaran wayang sak wengi nuthuk
sampun rampung lan sedaya warga kumpul ing papan ingkang damel pagelaran
wayang.
Joko
sembung lan para warga tindhak wonten papang sumber banyu kauripan. Para warga
ngawontenaken kerja bakthi kanggo ngresiki papan punika. lan para warga ugi
ndamel papan gawe para warga njupuk banyu kauripan wonten ing papan punika.
Para warga sarujuk menawi dusun ingkang
wonten ing sak ngisore gunung banyu kauripan dijenengi dusun Sembung.