Bapak
Muhammad Basuki Indra Utama ingkang asring dipuntimbali bapak Basuki kaliyan
para warga. Lair rikala tanggal 7 September 1966 wonten ing Bantul. bapak
basuki menika gadhah griya wonten ing dusun Gemahan Rt.03, Ringinharjo, Bantul,
Yogyakarta.
Bapak
Basuki gadhah garwa ingkang asmanipun ibu Jumiyem saha gadhah putra kalih. Putranipun
ingkang angka setunggal inggih menika estri ingkang dipunparingi nama Eka
Rahmadhani saha putra ingkang paling alit inggih menika jaler ingkang dipunparingi
nama Dimas Dwi Saputra.
Kangge
nyekapi kabetahan keluwarga, bapak Basuki gadhah pidamelan dados pengrajin
Bathik. Ananging, bapak Basuki taksih nderek bapak Suyatin, warga Gemahan
Rt.01, Ringinharjo, Bantul ingkang gadhah usaha Bathik Pertiwi. Bapak Basuki
biasanipun pikanthuk bagian nyolet utawi marnai kain bathik ingkang sampun
dipundamel. Saking pewarnaan menika biasanipun Batik Pertiwi ngginaken bahan
kimia. Bathik ingkang badhe dipun colet kedah dipuncek malih supados boten
wonten motif ingkang keliwatan. Bathik dipun rendam ngginaaken pewarna kimia.
Menawi sampun bathik dipunjemur. Saha ingkang pungkasan bathik dipun godhog ngginaaken
tepung kanji supados mangke malamipun saged ical.
Saking
pidamelan menika bapak Basuki pikanthuk jatah utawi upah Rp.300.000 saben
minggunipun. Saking upah menika bapak Basuki kedah nyekap-nyekapaken
kabetahanipun. Bapak Basuki kedah saged bagi artanipun kangge putra ingkang
paling alit sekolah saha kangge kabetahan pawon. Amargi putra ingkang estri
sampun gadah garwa saha sampun gadah griya piyambak.
Miturut
bapak Basuki supados Bathik menika tetep dipunremeni kaliyan warga, kedah jagi
kualitas saha kuantitasipun. Supados warga saged puas menawi tumbas bathik
menika.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar