NYERAT FIKSI
1. Ekspresif : Seratan ingkang nedhahaken menapa kemawon ingkang
ingkang dipun raosaken
Tuladhanipun :
Karang malang, 04 oktober 2016.
Dina iki aku seneng banget, amarga aku ketemu karo kanca-kanca jaman
nalika aku sekolah nang MAN. Aku ketemu konco-koncoku pas aku arep golek
madhang nang burjonan. Aku lan kanca-kancaku padha cerita babagan jaman nalika
isih nang MAN, rasane atiku bungah sanget.
2. Informatif : Seratan ingkang nedhahaken
utawi ngandharaken informasi utawi katrangan kangge tiyang sanesipun.
Tuladhanipun :
3. Estetis
: Seratan ingkang gayutipun kaliyan kaendahan, basa ugi wosipun dipuntata
supados saged endah. Tuladhanipun:
Ibu”Ibu
anakmu kang dak wanti wanti
Kang dak kawatirake
Kak kok titipake ana pawiyatan luhur iki
Iki anakmu
Kang durung isa nyenengke ibu
Kang durung bisa nyenengke keluarga
Kang isih dadi tanggunganmu ibu
Nanging ibu
Anakmu iki bakal banggakke ibu
Banggakke keluarga kabeh
Anakmu rak bakal nyerah bu
Kanggo nyekel lintang ana langit
Kang kadhang ditutup mendhung
Kang kadhang mripat wae wis ora bisa weruh
Nanging anakmu iki janji ibu
Saged dipun sebat tuladha estetis amargi wonten ing tuladha menika kathah kandhungan basa ingkang gegayutanipun kalihan basa ingkang endah utawi menarik.
4. Argumentatif : Seratan ingkang mbudidaya
kagem ngewahi pola penggalihe tiyang sanesipun supados sami kaliyan punapa
ingkang dipunkersakaken penulis. Kanthi mbeberaken bukti ugi kasunyatan,
penulis mbudidaya supados tiyang ingkang maos percaya ugi ndherek tumindak
jumbuh kaliyan punapa ingkang dipunkersakaken. Tuladhanipun:
|
Bahaya narkoba
|
Neng indonesia, pencandu narkoba iki ing
perkembangane tambah akeh. Wong kang nggunakake narkoba kuwi umume nduwe umur
antara 11 nganti 24 taun. Artine umur kesebut dheweke umur produktif utawa umur
pelajar.
Awale pelajar sing nggunakake narkoba biyasane diawiti karo kenalane lan udud. Amarga kebiyasan udud iki kayane wis dadi hal sing lumrah neng kalangan pelajar wektu iki.
Awale pelajar sing nggunakake narkoba biyasane diawiti karo kenalane lan udud. Amarga kebiyasan udud iki kayane wis dadi hal sing lumrah neng kalangan pelajar wektu iki.
Saged dipun sebat tuladha argumentatif amargi wonten ing ukara menika, sedaya pamaos ugi gadhah pamanggih sanesipun babagan bahaya narkoba miturut bukti-bukti ingkang kathah.
5. Persuasif : Seratan ingkang ancasipun
ngajak tiyang sanesipun supados jumbuh, supados percaya kaliyan menapa ingkang
dipunkersaaken dening sinten kemawon ingkang ngendika. Tuladhanipun :
Saged dipun sebat tuladha persuasif amargi wonten ing tuladha menika wonten ukara ingkang sifatipun ngajak " Ayo padha ngombe teh melati sing arum ambune lan enak rasane"
Tidak ada komentar:
Posting Komentar