Senin, 12 September 2016

Asal-usul dusun sembung



ASAL USUL DUSUN SEMBUNG

Mangsa rendeng ingkang dangu, anggawe resahe ati para warga ing dusun menika. Kathah tanduran ingkang mboten saged dipanen amargi sakderengipun dipanen sampun kebanjiran rumiyen. Wonten ing wulan punika ugi katah para warga ingkang pikanthuk cobaan saking gusti allah. Para warga kathah katularan penyakit ingkang obatipun dereng katemoaken. Joko borok ingkang wekdal punika kadapuk dados sesepuh saha tiyang ingkang dipun percaya kalian sedaya warga wonten ing dusun punika ugi dereng saged madosi obat ingkang saged ngobati penyakit ingkang para warga rasaaken. Kahanan punika anggawe warga bingung amargi penyakitipun saged nular sahingga kathah warga ingkang katularan. Joko borok ora bisa tentrem atine menawi mirsani kahanan kaya ngene.
Joko borok ngutus suroto yaiku salah sijine murid kang nyinau agama marang joko borok,  supados nggolek satunggaling tabib ingkang wonten ing desa pinggire. Anangin wonten ing dalan, suroto dicegat kaliyan pemuda ingkang dereng dipun mangertosi. Suroto ditodong nganggo arit lan pemuda puniko ngrampas sedaya bekal ingkang sampun dipun paringaken joko borok marang santri ingkang sampun diutus supados nggolek tabib. Suroto tansah kebingungan, amargi menawi nglajengaken mlakune sedaya pesangon sampun mboten woten, lan menawi balik malih wonten ing dusun, suroto dereng dumugi padepokan, ingkang dipun utus joko borok anggenipun ngundang tabib.
Kahanan wonten ing dinten puniko panas mekakat, suroto tansah kepanasan. Wonten ing sak tengen dalan ana gubuk kang ora ono sing manggoni. Suroto nyante wonten ing gubuk sinambi ngeyub. Hawa ingkang sumilir anggawe suroto iso kebablasen turu menawi mboten langsung nerusake mlakune bali menyang dusun.

 Kanthi kebingungan suroto bali menyang dusun. Para warga kanthi ati kecewa angggenipun nunggu suroto bali ing dusun. Suroto nyariosaken sedoyo kedadean ingkang dipun alami minangka wonten ing perjalanan. Amargi penyakit ingkang ganas, kathah warga ingkang sampun mboten kiat, lan
kathah warga ingkang pindah saking dusun puniko amargi kathah para warga kang
andhuweni pamikiran menawi desa puniko mboten aman kaliyan mboten saged dadosake ati ingkang ayem lan tentrem. kahananan puniko anggawe joko borok mboten kepenak marang wargane.
       
        Kanthi rasa ati ingkang semangat joko borok kaliyan santri-santrinipun nggawe sayembara. Kang isine sayembara kui yaiku “ Sopo wong kang iso ngobati wargaku bakal oleh hadiah ingkang kathah”. Para sanntri dipun utus kaliyan joko borok supados nyebaraken pengumuman punika. Lan wonten ing dinten punika dipun kawonteni adicara gede, supados kathah tabib ingkang tindak wonten ing dusun lan ngobati penyakit
        Adicara wayangan dadi pambuka wonten ing dusun punika. Lan wonten ig sak sisih panggung kathah para tabib ingkang sampun siap anggenipun ngobati penyakit, salah satunggaling tabib ingkang sampun terkenal wonten ing masyarakat inggih puniko ki partorejo. Tabib puniko anggenipun ngobati migunaaken obat-obat tradisional ingkang sampun diracik piyambak. Kathah para warga ingkang ngantri. Anangin obat tradisional puniko ugi dereng saged ngobati penyakit punika. Kedadean koyo ngene anggawe bingung para warga lan joko borok. Wonten santri ingkang penyakitipun malah tambah kathah. Lan mboten wonten salah satunggaling tabib ingkang saged ngobati.
        Wonten ing dinten ketelu wonten pamuda kang anduweni jeneng joko sembung tindak wonten ing dusun punika. Anangin tujuan pamuda punika mboten badhe ngobati, ancasipun joko sembung tindak menyang dusun badhe sowan marang joko borok badhe nyantri. Joko borok ngijinke pamuda puniko anggenipun nyantri marang padhepokane. Anangin wonten syarat ingkang kedhah dilakoni sak derengipun nyantri yaiku poso ngrowot 40 dinten. Joko sembung kanthi manah ingkang kuat, siap nglampahi persyaratan punika. Wonten ing dinten-dinten puniko joko sembung dahar telo.
        Nalika persyaratane joko sembung lampahi sampun badhe pungkasan, joko sembung diimpeni ditemoni kaliyan simbah-simbah ono ing sak nduwure gunung ing sakkiwo ne dusun. Simbah punika paring pangandikan menawi anggenipun ngobati para warga ing dusun puniko, joko sembung kedhah mendet banyu ono ing sak pucuke gunung.
       
 Joko sembung pamit lan nyuwun dedonga marang sedaya warga mugi saged pikanthuk obat ingkang saged nambani para warga ing dusun punika. lampahing dumugi ing sakpinggire desa, joko sembung dipun arak kaliyan joko borok lan para warga. Joko sembung nglajengaken langkahipun dumugi gunung punika. wonten ing werdhi joko sembung kathah anggadahi rerintangan, koyoto dipun cegat kaliyan siluman macan kang para warga ing dusun punika nyebat macan siluman. macan  punika sampun dangu urip wonten gunung sembung. Ananging kanthi manah ingkang resik lan kekuatan ingkang kuat, joko sembung saged mungkasi rerintangan puniko. lan joko sembung dumugi pucuk gunung lan madahi banyu nganggo wadah ingkang sakderengipun sampun disametaaken.
        Sakwise opo kang dikarepake uwis kalampahan, joko sembung nglajengaken mlampah lan wangsul dumugi dusun. Dinten punika hawanipun panas, ananging joko sembung tetep ngraosake seger amargi sampun ngunjuk banyu punika. Wonten ing dusun, para warga sampun nenggo tekone joko sembung. Joko sembung dipethuk para warga ana ing pojok dusun. Kanthi ati seneng joko sembung diarak rame-rame dumugi griyanipun joko borok. Lan wonten ing latar griya joko borok sampun kawontenan daharan saha unjukan gawe joko sembung. lan wonten wekdhal puniko sedaya warga lan joko sembung ngawontenaken syukuran. Sakwise syukuran joko sembung terus ngobati sedaya warga ingkang keno penyakit. Para warga ngantri kanthi tertib. Kanthi ngucap ‘bismillahirrahmanirrohim’ joko sembung miwiti anggenipun ngobati.
        Sedaya warga sampun dipun obati sedanten, lan joko sembung banjur mlebet wonten griya joko borok. mboten dangu penyakit para warga dipun paringi kecocokan lan penyakit warga mari total. Para warga seneng amargi sedaya warga sampun mari.
        Joko borok lan para warga musyawarah ing griyane joko borok kanggo ngawontenaken adiicara syukuran. Para warga ngawonteni syukuran kanthi mriyah lan wonten ing dinten puniko dipun wonteni wayangan ugi genduren damel sedaya warga. Joko sembung ugi melu adicara genduren punika. Joko borok nyuwun supados joko sembung ngisi pengaosan ing papan punika. Sedaya warga mirengaken pangandikan saking joko borok kanthi sae. Lan sakwise gendhuren, pagelaran wayang diwiwiti. Pagelaran wayang kalampahan kanthi mriyah.Pagelaran wayang sak wengi nuthuk sampun rampung lan sedaya warga kumpul ing papan ingkang damel pagelaran wayang.
        Joko sembung lan para warga tindhak wonten papang sumber banyu kauripan. Para warga ngawontenaken kerja bakthi kanggo ngresiki papan punika. lan para warga ugi ndamel papan gawe para warga njupuk banyu kauripan wonten ing papan punika.
        Para warga sarujuk menawi dusun ingkang wonten ing sak ngisore gunung banyu kauripan dijenengi dusun Sembung.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar